Deskripsi
Bebrayan ing tanah Jawa tansah ngudi amrih bisa urip kanthi ayem tentrem. Gagasan luhur iki bisa kasembadan ing satengahing bebrayan. Mula saben warga diajab gelem padha nyengkuyung.
Guyub rukun sajroning kulawarga bisa agawe ati jenak, makarya kepenak. Prayogane padha ngerti marang kuwajibane dhewe-dhewe. Semono uga tumraping tangga teparo, becike samad-sinamadan. Siji lan sijine nyambut gawe bebarengan lan gelem tulung-tinulung. Buku kanthi irah-irahan ‘Ngudi Urip Ayem Tentrem’ iki bisa kanggo wacan kang nentremake ati. Akeh tepa palupi kang bisa kanggo tuntunaning ngaurip. Muga-muga pangajab luhur iki bisa kaleksanan ing satengahing masarakat.





Ulasan
Belum ada ulasan.